Rujak Urip (Puisi Ngapak)
Rujak Urip
Rujak
Lombok uyah
Asem Trasi gula
Diuleg lembut tambahi banyu
Timun pelem bengkoang kedondong
Gandul babal blimbing
Dulitna sambel
Nylekamin
Rujak
Paribasan urip
Ana bungah susah
Diatasi dilakoni lan dinikmati
Nikmate urip nang ndunya
Kudu bisa njaga
Sipat kautamane
Menungsa
Basukine, Gombong 2018
Lingkar Sastra Gombong (Lisong)


Oo Iki bahasa jowo too. Kulo seneng, wes iso sitik-sitik. To okeh seng lali.
Lha mbak ayi blajar boso jowo ten pundi ? Belajar bahasa jawa dimana.
Posted using Partiko Android